Pengait kata (tags) tulisan ‘ desa

12
Apr
08

Jambu Menthe, Diapakna Ya???

Ndhudha iku akeh methe, mblarah sakmblarah-mblarahe. Tapi sampek saiki isek gorung dimanfaatna mbarek masyarakat kono. Lah, polahe gak ngerti ape diapakna i, dadine ndhik kono jambu menthe ya isek glenthengan, nelpok jombrot dinjarna ae. Paling notog ya diuntiri thetheke terus didol kiloan nang pasar utawa nang jeragan. Utawa sing jambune rodok legi digae rujakan. Ya wis, akhire jambu menthe dadi barang sing sepele. Lah, aku ngipi, suk kapan menthe iki dadi barang sing isa dibanggakna masyarakat Ndhudha…

Masalahe mesisan jambu menthe iku terik dhewe, gak diramut ya urip-urip dhewe. Kadhang thukulan teka sing jombrot-jombrot mau, sing isek onok thetheke. Embuh lahpa, tapi ketokane lemahe ndhik Ndhudha iku sejatine cocog banget ambik sing arane jambu menthe. Malahan ndhik Mbolo, sing jarake gak sampek limang kilometeran teka Ndhudha, iku wite jambu gonok blas! Ya, keluwehan iku gudune isa dimanfaatna sing apik, disukuri nik iku anugerahe Sing Nggae Urip.

Sakiki masalahe, piye carane supaya jambu menthe iku onok ajine? Sing nomer siji ya mestine diramut wite. Lah, sakiki metu pertanyaan maneh, piye carane ngramut wite jambu menthe? Lah wong awit Embah-Buyut ndhisik wite jambu wis trujup-trujup dhewe i???

Sing nomer loro, ngupayakna upaya jambu menthe isa payu didol mbik regane ya larang. Didadekna sirup tah, digae “buah kalengan” lah. Iku, sakliyane butuh referensi gae carane nandur mbik ngramut menthe, sakiki ya butuh referensi piye carane ngolah jambu menthe sing kira-kira “layak jual”. Kira-kira onok sing isa ngewangi gak???

09
Apr
08

BRI Dibukak ndhik Ndhudha, Dhampake Apa sih?

Gik oleh pirang ulan ae, ndhik Ndhudha dibangun bang BRI. Nggone ndhik pinggir ratan, pareg mbik pasar Kapuk. Asline aku dhewe gak tau menjero kono, tapi ketokane nggone rodok ciyut, gak patia jembar.

Masiha gik tas ae dibukak bange, uwis akeh sing mrono. Ben aku iwat nggarepe bang kono, mesti rame sampek metu-metu wonge. Paling ya sing rono iku akeh sing teka dhaerah kulonan (Panceng, red.) Soale nik nang Sedayu kadohen. Dadi, saiki ngaleh njujug nang Ndhudha.

Onoke bang iku sampek saiki lumayan dirasakna mbarek wong Ndhudha dhewe. Nik biyasane pe nabung utawa ndengok kiriman teka Malasiya gudu nang Sedayu dhisik, saiki mek sak nyukan ae, gak ado-adoh nang Sedayu. Dhampake mesisan, dhaerah ratan utamane sakpinggir-pinggire pasar Kapuk dadi rame, yuakin aku nik mene ndhik kono pirang taun ngkas pe beg mbarek omah. Lah, nik kapan rame, biyasane wong-wongane tambah makmur soale dhuwike mubeng terus.

Uwis pasar, tower hape, bang, terus apa maneh? Muga-muga ae tambah akeh sarana sing dibangun ndhik Ndhudha…




Pojokan Doudo, Nggone Ngeblog Ngge Basa Ndhudha

Matur nuwun wis mlebu nga blogku. Sakdurunge, njuk sepura bikne basa sing digewe ndhik kene rada kasar. Ya, ngene iki basae wong Nggresik loran. Gak onok karep apa-apa, mek pingin nglestarekna basa lokal - benere gak basa sih, mek logat - mbik pingin nyudana nik basae wong Nggresik loran iku khas, gak onok kembarane ndhik endhi-endhi. Ya wis, ngono ae. Sing gak ngerti basane, ya sepurane ae teka aku... Salam, Arif NB: Benere tampilane pe takgewe basa Jawa, tapi kok gak onok... Onoke mek basa Sundha ae, ngko nik takgewe ya ketoke meksa, ya ngge basa Indhonesa ae... :d

Kalendher

Desember 2009
S S R K J S M
« Apr    
 123456
78910111213
14151617181920
21222324252627
28293031  

Bloge wis diketokna ping:

  • 364

Tulisan Paling Ndhuwur

  • Tidak ada

Tulisan Sing Paling Geleg Didelok

  • Tidak ada

Tulisan Sing Lawas-lawas

Komentar Paling Nyar

herbaqu di Jambu Menthe, Diapakna Ya…

Kelompok