Gik oleh pirang ulan ae, ndhik Ndhudha dibangun bang BRI. Nggone ndhik pinggir ratan, pareg mbik pasar Kapuk. Asline aku dhewe gak tau menjero kono, tapi ketokane nggone rodok ciyut, gak patia jembar.
Masiha gik tas ae dibukak bange, uwis akeh sing mrono. Ben aku iwat nggarepe bang kono, mesti rame sampek metu-metu wonge. Paling ya sing rono iku akeh sing teka dhaerah kulonan (Panceng, red.) Soale nik nang Sedayu kadohen. Dadi, saiki ngaleh njujug nang Ndhudha.
Onoke bang iku sampek saiki lumayan dirasakna mbarek wong Ndhudha dhewe. Nik biyasane pe nabung utawa ndengok kiriman teka Malasiya gudu nang Sedayu dhisik, saiki mek sak nyukan ae, gak ado-adoh nang Sedayu. Dhampake mesisan, dhaerah ratan utamane sakpinggir-pinggire pasar Kapuk dadi rame, yuakin aku nik mene ndhik kono pirang taun ngkas pe beg mbarek omah. Lah, nik kapan rame, biyasane wong-wongane tambah makmur soale dhuwike mubeng terus.
Uwis pasar, tower hape, bang, terus apa maneh? Muga-muga ae tambah akeh sarana sing dibangun ndhik Ndhudha…
Komentar Paling Nyar