Doudo – merga ilate wong kono gak pati cetha, dadi “Ndhudha” – iku nggone ndhik Nggresik nggir elor mlebu Kecamatan Panceng, ndhik jalur pantura. Gak terlalu terkenal sih, paling wong-wong sekitar kono ngertine ya jambu menthene utawa lagae. Maklum, mek loro iku sing isa dibanggakna teka Ndhudha…(Hla wong gak nduwe apa-apa maneh i… Sawah ya gak nduwe, onoke alas. Kali ya gak nduwe, onoke mek kalenan…) Ya ngene iki Ndhudha:

–> Menthe, ndhik kene nggone. Nik dhaerah-dhaerah sekitare sing ana tanduran menthene iku Wotan mbik Petung thok (ya padha-padha sakkecamatane), tapi gak pati akeh. Sing akeh ya ndhik nggonku iku…

–> Laga, sakliyane gewe adus wong kono, biasae gewe bluron arek-arek njaba pisan. Biasae nik mari nggelek thethek, langsung bluron. Tapine hlo, nggone kono iku lumayan angker. Jare wong tuwa-tuwa, ana kalape, hnang kalape iku ngincer arek-arek njaba desa sing bluron (tapi masia ngono, arek-arek ndesa dhewe ya rodok wedi nik pe bluron ndhik kono). Akeh sih wisan, arek njaba sing mati klelep ndhik kono. Ya mbuh, bener pa gak ya gak ngerti…

Ya, iku desaku. Nik pingin eroh saktemene desaku koyok apa, carane tunutana dalan teka arah Nggresik jurusan Sedayu. Tutuk Sedayu ngulon terus, rong desa sakdurunge njaten Panceng… Tak enteni ya…


0 Tanggapan ke “Desaku”



  1. Belum Ada Tanggapan

Tinggalkan Balasan

Anda harus login untuk menuliskan komentar.




Pojokan Doudo, Nggone Ngeblog Ngge Basa Ndhudha

Matur nuwun wis mlebu nga blogku. Sakdurunge, njuk sepura bikne basa sing digewe ndhik kene rada kasar. Ya, ngene iki basae wong Nggresik loran. Gak onok karep apa-apa, mek pingin nglestarekna basa lokal - benere gak basa sih, mek logat - mbik pingin nyudana nik basae wong Nggresik loran iku khas, gak onok kembarane ndhik endhi-endhi. Ya wis, ngono ae. Sing gak ngerti basane, ya sepurane ae teka aku... Salam, Arif NB: Benere tampilane pe takgewe basa Jawa, tapi kok gak onok... Onoke mek basa Sundha ae, ngko nik takgewe ya ketoke meksa, ya ngge basa Indhonesa ae... :d

Kalendher

Desember 2009
S S R K J S M
« Apr    
 123456
78910111213
14151617181920
21222324252627
28293031  

Bloge wis diketokna ping:

  • 364

Tulisan Paling Ndhuwur

  • Tidak ada

Tulisan Sing Paling Geleg Didelok

  • Tidak ada

Tulisan Sing Lawas-lawas

Komentar Paling Nyar

herbaqu di Jambu Menthe, Diapakna Ya…

Kelompok